kidung

Mijil kang pindha Narendra
Den gerubyuk para cethi
Mancorong ponang wadana
Pindha Kumajaya Ratih
Rinengga-rengga peni
Gawok ngungun kang handalu
Sinung prabawa maya
Hanggadhang mulya sejati
Jroning driya asung pamuji Hyang Suksma

Pamujine mengku brata
Meminta sihing Hyang Widhi
Satindak lan tandukira
Muga antuk padhanging Gusti
Uga muna lan muni
Tinebihna salah dudu
Tinuntun budi tama
Pantes tinulad pra janmi
Pindha Nata gya salin agem satriya
Hangagem satriya tama
Pindhane sang gunungsari
Iku kang temanten priya
Kang putri lir ragilkuning
Prasetya trus nyawiji
Mrih lestari atut-runtut
Nyadhong mengkoni putra
Tali tresna jaman mangkin
Dwi kang putra wus cukup rengganing krama
Tindake sang sinatriya
Kairing puji hastuti
Wiraga mengku prabawa
Mrabawani kang mriksani
Memayu yu sesami
Mahambeg satriya tuhu
Yeku trah Pancasila
Ngudi mulya lahir batin
Tansah eling waspada bakti mring Praja
Widada manggih yuwana
Sari kang pindha Narpati
Rineksa pra wredha mudha
Sumunar lir Dewa-Dewi
Kongsi kaki lan nini
Paminta kapranan kalbu
Ringkes bisa sembada
Ing akhir manggih swarga di
Wiji mulya kinarya ngrengga Nagara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar